Kamis, 31 Desember 2009

Sekar Macapat



Macapat terdiri dari 11 tembang, dibawah ini adalah contoh-contoh dari tembang-tembang macapat tersebut:
·         Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katult-tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
·         Megatruh
Dhuh dhuh adhuh
Cilaka asuta kogung
Nora pinter marang umi
Malah uripe andharung
Tandhenger nalika dhingin
Wiwit aneng weteng manggon
·         Mijil
Pomakaki padha dipun eling
Ing pitutur ing ngong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang ipun
·         Pocung
Ngelmu iku
Kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara
·         Maskumambang
Kelek kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Awakku kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah
·         Kinanthi
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sarira nira
Cegahen dhahar lan guling
·         Durma
Bener luput ala becik lawan begja
Cilaka mapan saking
Ing badan priyongga
Dudu saking wong liya
Pramila den ngati-ati
Sakeh dirgama
Singgah ana den anglis
·         Dhandanggula
Jago kluruk rame kapiyarsi
Lawa kalong luru pandhelikan
Jrih kawanen ing semune
Wetan bang sulakipun
Mretandhani yen bangun enjing
Rembulan wus gumlewang
Neng kulone gunung
Ing padesan wiwit obah
Lanang wadon pan samya anambut kardi
Netepi kuwajiban
·         Sinom
Nuladha laku utama
Tumrabe wong tanah jawi
Wong agung ing ngeksi ganda
Panembahan senapati
Kapati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyasing sasama
·         Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruh ana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri
·         Asmarandana
Poma-poma wekas mami
Anak putu aja lena
Aja katungkul uripe
Lan aja duwe kareman
Marang pepaes donya
Siyang dalu dipun emut
Yen urip amanggih karma

Tidak ada komentar:

Posting Komentar