Kamis, 31 Desember 2009

Tuladha mandhegani manungku puja

Assalamualaikum Wr. Wb.

Matur nuwun dhumateng bapa Sukardi ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula.
Dhumateng bapa Sukardi ingkang kinurmatan, ugi mboten kesupen rencang-rencang rombel 13 ingkang kula tresnani.

Ing purwakaning atur, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos, ingkang sampun paring kasarasan saingga kita sedaya saged makempal wonten papan panggenan mriki kangge nampi piwucalan basa jawa saking bapa Sukardi kanthi sehat wal’afiat mboten kirang satunggal punapa kanthi suasana kebak karahmatan.

Kula minangka manungsa lumrah sawantah, badhe nyuwun pangapunten dhumateng panjenengan sedaya mbok bilh kula ngreridu eco wawan pangandikan panjenengan sedaya.
Kula wonten mriki nampi dhawuh saking bapa Sukardi kangge mandhegani manungku puja

Manungku puja kawiwitan...

Manungku puja paripurna...

Matur nuwun, mugi-mugi panyuwunan kita sedaya tansah katampi dhumateng Gusti ingkang murbeng dumadi.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih anggen kula mandhegani manungku puja kathah kalepatan, kula nyuwun angenging samudra pangaksami.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Wekdal kula kunduraken dhumateng bapa Sukardi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar